Legenda Asal Usul Desa Mororejo

Biyen sak’durunge ana desa ning kene, gek alas
gede. Teruse ana raja Majapait jenenge Brawijaya.
Brawijaya duwe anak jenenge Raden Patah. Raden
Patah melu Saudagar nang Arabia. Ning kana Raden
Patah ngilmu. Mari ngono suwe-suwe mbalik maneh
nang Majapait, teka Majapait ngajaren paran sing
diolehen ning kana. La ajarane iku orak pas karo
petilasane wek’e bapakne. Terus sampek dadi nang
gudere.
Bapakne mikir: “Wah, iki orak pantes nek bapak
karo anak sampek petentengan merga agem-agem.
Reang menang paran untunge, reang kalah orak
pantes, sing genah tak’indarane wae.” Maringono
Brawijaya iku mau nggolek panggonan sing dikarepen,
yaiku Bali.
Pas iku biyunge guneman: “Esun orak lega nek
Jawa iki diwengku wong sebrang.”
Semaure Brawijya: “Cekne wae wes Yung, mbesuk nek wes limang atus tahun kepe dibalek’en.”
Barengono Brawijaya ambek kanca karo dulur
sak’pengiringe sing gek manut karo Brawijaya, pada
melu budal nang Bali, liwate ning daerah Tengger.
La, Brawijaya duwe klambi jenenge Ontokusumo
utawa Jimat Klontongan. Pas teka ning alas gede
kene, klambine ucul miber dewe, sampek dadi uberuberan. Diuber nang kabeh parajurite. Mibere ngulon
sampek ning Poncosumo. Ning kono orak kenek,
miber nang alas tungukan, Gubuk Klakah. Orak kenek
maneh, miber nang Tegal Kuwung, Ngadas. Miber
maneh nang arah ngalor-ngulon, mencok ning
Cemara Gading. Miber maneh nang Argo Tawang.
Argo tawang iku tegese nyawang ngetan tawang,
nyawang ngalor tawang, nyawang ngulon tawang,
nyawang ngidul tawang. La, ning kono klambi iku
kenek dicekel karo digegem. La, senareane
Ontokusumo iku mau isa ngrejekeni mulane enggon
iki dikongkon njenengi Gembaya. ‘Gem’ tegese
digegem, ‘kaya’ tegese jimat utawa rejeki.
Terus, suwene-suwe nyambut gawe, nyambut gawe
akeh wong teka, pada hasil. Mulane nek rejane jaman, enggon iki dikongkon njenengi ‘Marareja.’
‘Mara’ tegese teka, ‘reja’ iku hasil. Dadi sampek
sak’iki dijenengi Gembaya utawa Marareja.
Maringono wong sing hasil iku mau duwe
rajakaya akeh. Ana sapi, wedus, kebo, jaran,
dienggon ning enggon kulon-kidul. Ning enggon iku
digawek’en gedokan, timbang nggawa moleh
kadohan.
La, gedokane akeh, polae rajakayane akeh.
Suwene-suwe enggon sing akeh gedokan iku mau
dijenengi Kandangan. Sing sak’iki diarani dusun
Kandangsari.